Sendang Sani
Jaman
kasunanan, Ki Sunan Bonang lunga menyang panggonan Sunan Muria kanggo ketemu
sunan – sunan liyo. Sunan Bonang lunga menyang kono kalihan 3 kancane yaiku Ki
Dudo, Kosim, lan Kemat. Perjalanan saka Tuban menyang Muria lumayan adoh. Ing
tengah – tengah perjalanan Sunan Bonang krungu suara adzan dzuhur. Sunan Bonang
pengen sholat. Nanging, Sunan Bonang bingung kepiye carane wudhu, amarga
panggonan iku ora ono sumber banyu.
Akhire,
Sunan Bonang ngendikan marang Kemat lan Ki Dudo kanggo nggowo banyu nganggo
bumbung. Nalika Kemat lan Ki Dudo lagi nggolek banyu, dheweke weruh manuk
kuntul ngambang ing mega. Ing jaman biyen yen ana manuk kuntul ngambang ing
mega, pratandane ing daerah kuwi ana sumber banyu. Nalika bener ana banyu,
banjur wong loro kuwi njupuk banyu nganggo bumbung. Amarga durung ngombe banyu
nganti suwe banget, tanpa mikir dawa akhire Ki Dudo ngombe setengahe banyu sing
ana ing bumbung.
Sakwise
entuk banyu, Ki Dudo lan Kemat bajur bali ing Sunan Bonang lan ngewenehake
banyu kuwi kanggo wudhu. Amarga ngerti yen banyu iku wis diombe Ki Dudo, Sunan
Bonang nolak banyu kuwi. Amarga miturut Sunan Bonang, Ki Dudo kuwi “nyisani”
banyu kanggo Sunan Bonang. Nanging, Sunan Bonang tetep maturnuwun marang Ki
Dudo lan Kemat amarga wis nggolekake banyu saka kutha. Sunan Bonang akhire
menehi jeneng panggonan kuwi “Dukuh Sani”.
Sunan
Bonang nglanjutake perjalanan menyang panggonane Sunan Muria. Nanging,
sakdurunge kuwi Sunan Bonang nancepake tongkat ing Dukuh Sani. Banjur Sunan
Bonang ngewenehi pesen marang Ki Duda lan Kemat kanggo njaga tongkat kuwi lan
ojo dijabut sakdurunge Sunan Bonang mulih.
Sakwise
Sunan Bonang lunga, Ki Dudo penasaran marang tongkate Sunan Bonang kang ora
entuk dijabut kuwi. Akhire, Ki Dudo nyabut tongkat iku, banjur metu banyu sing mbanjiri
panggonan iku. Ki Duda langsung nyemplung ing banyu kuwi lan njerit – njerit
amarga seneng.
Dumakan
Sunan Bonang rawuh kaliyan Sunan Muria lan Sunan Kalijaga. Sunan Bonang kaget
amarga weruh ono akih banget banyu ing kono, banjur Sunan Bonang takon marang
Kemat, “Saka ngendi asale banyu kuwi?”, Kemat njelasake yen Ki Dudo nyabut
tongkat iku lan metu banyune. Banjur Sunan Bonang takon ing ngendi Ki Dudo
saiki. Kemat njelasake yen Ki Dudo nyemplung ing banyu lan ora gelem mentas.
Nalika Sunan Bonang takon marang Ki Dudo, Ki Dudo njawab yen dheweke seneng ono
ing njero banyu kuwi.
Amarga
perilakune Ki Dudo, akhire Sunan Bonang nyabda “Awakmu koyo bulus”, banjur Ki
Dudo maleh dadi bulus. Sunan Bonang maringi jeneng panggonan kuwi “Keramat
Sendang Sani”. Sunan Bonang banjur ngakon Kemat kanggo njaga Ki Dudo. Nanging
Kemat takon “Sopo sing bakal ngewenehi aku mangan?”, Sunan Bonang banjur
ngomong yen Sendang Sani wis rame lan cita – citane wong – wong wis kasil, wong
– wong kuwi bakal nggowo akih panganan kanggo syukuran. Akhire, Sunan Bonang
dan Kosim mulih menyang Tuban. Sunan Muria mulih menyang Muria lan Sunan
Kalijati mulih ing panggonane.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar